aaWnxJmZI5JY8FKCUvVg7FjFvZvkz69jLNXN7cby

25+ Arane Tali ing Bahasa Jawa

Arane Tali Bahasa Jawa

Arane tali atau nama tali dalam bahasa Jawa memiliki beragam nama. Tali tersebut yang sering digunakan untuk berbagai kebutuhan.

Berikut ini beberapa nama tali (arane tali) yang ada dalam Bahasa Jawa.
  • Amben : yaiku tali ing wereng jaran.
  • Apus buntut, apus gulu : yaiku tali prabote abah-abah jaran.
  • Dhadhang : yaiku tali kanggo nancang sapi.
  • Dhandhan : yaiku tali kanggo nggeret glondongan.
  • Elis : yaiku tali kendhali.
  • Goci : yaiku tali layangan.
  • Godhi : yaiku tali gombal.
  • Jala-jala : yaiku tali mbendeng kelir.
  • Janget, ulap-ulap : yaiku tali mblebet pethel.
  • Jejet : yaiku taline plipitan.
  • Karset : yaiku taline arloji.
  • Keluh : yaiku tali ing irung sapi.
  • Kenur : yaiku tali pancing.
  • Klamar : yaiku tali lawang bekungkung.
  • Klathe : yaiku tali caping.
  • Koloran, usus-usus : yaiku tali kathok.
  • Pluntur : yaiku tali nggantung gong utawa nyangga gamelan.
  • Rante : yaiku gelangan wesi direnteng.
  • Salang : yaiku tali pikulan.
  • Sawed : yaiku tali pasangan sapi.
  • Sendheng : yaiku tali gendhawa utawa langkap.
  • Setagen, sabuk, setut : yaiku tali weteng wong.
  • Suh : yaiku tali sapu.
  • Tutus : yaiku irat-iratan pring utawa penjalin.
  • Ulur : yaiku benang ngulukake layangan.
  • Upat-upat : yaiku tali pecut.
  • Uwed : yaiku tali kanggo ngubengake gangsingan.

Semoga Bermanfaat!

Related Posts

Related Posts

Posting Komentar