aaWnxJmZI5JY8FKCUvVg7FjFvZvkz69jLNXN7cby

75+ Arane Penggawean Bahasa Jawa (Istilah Pekerjaan)

Arane Penggawean Bahasa Jawa


Bekerja merupakan suatu hal yang wajib dilakukan oleh manusia dalam rangka mendapatkan imbalan berupa uang atau tunjangan untuk memenuhi kebutuhannya.

Ada banyak sekali jenis pekerjaan yang bisa dilakukan sesuai dengan keahlian dan keterampilan kita masing-masing.

Nah.. Pada artikel kali ini akan dibahas mengenai istilah pekerjaan dalam bahasa Jawa.

Mari kita mulai....

Berikut adalah arane pegawean atau sebutan pekerjaan dalam bahasa Jawa:

  1. Ajudhan : Pengawal pejabat utawa presiden
  2. Algojo : Tukang ngukum pati
  3. Apoteker : Ahli ngracik obat
  4. Arsitek : Ahli ngrancang bangunan
  5. Babu : Waong wadon sing gaweane momong sak panunggalane
  6. Bajag : Begal ing segara
  7. Bakul : Wong kang dodol barang (cilik-cilikan)
  8. Batur : Wong kang ngrewangi pegawean
  9. Bendung : Wong kang mbendung
  10. Blandong : Wong kak ngegor kayu
  11. Blantik : Wong kang bakul kewan
  12. Buruh : Wong kak nyambut gawe ngalap opah
  13. Cantrik : Abdine pandhita ngiras dadi muride
  14. Carik : Wakil lurah
  15. Dhalang : Wong kang nglakokake lan nyritakake wayang
  16. Dokter : Wong kang ngobati wong loro
  17. Emban : Wong kang momong bocah
  18. Empu : Wong kang pinunjul
  19. Gamel : Wong kang ngrawat jaran
  20. Gandhek : Utusan ratu
  21. Gemblak : Wong kang gawe barang kuningan
  22. Gerji : Wong kang ndondomi klambi
  23. Germa : Wong kang mburu kewan ing alas
  24. Guru : Wong kang mulang muruk ing pamulangan
  25. Jagal : Tukang nyembeleh rajakaya
  26. Jlagra : Tukang natah watu
  27. Juragan : Sudagar gedhe
  28. Juru basa : Wong kang pinter negesi basa ngamanca/jobo negoro
  29. Juru dang : Wong kang adang
  30. Juru kunci : Wong kang ngrumat pasarean
  31. Juru Mudhi : Wong kang nglakokake kapal
  32. Juru Nujum : Wong kang ngramal
  33. Juru silem : Wong kang nyilem ing segoro
  34. Juru sungging : Wong kang andek gambar
  35. Juru tambang : Wong kang nglakokake prau gethek ning kali
  36. Juru terbang : Yang kang nglakokake motor mabur
  37. Juru tulis : Wong kang nulis ing kantor
  38. Kemasan : Wong kang gawe dandanan mas inten
  39. Koki : Wong kang masak
  40. Kondektur : Wong kang nariki lan mrikso karcis ing bis
  41. Kundhi : Wong kang gawe gerabah
  42. Kusir : Wong kang nglakokake dhokar
  43. Kyai : Wong kang pinter agama Islam
  44. Madhaharan : Juru olah-olah
  45. Makelar : Wong kang nglantarake dol tinuku
  46. Malang : Pulisi desa
  47. Mandhor : Wong kang dadi pangarepe kuli
  48. Marbot : Wong kang ngrumati masjid
  49. Masinis : Wong  kang nglakokake sepur
  50. Molang : Bakul rajakaya
  51. Montir : Wong kang dandani mesin
  52. Mranggi : Wong kang gawe adah keris
  53. Niyaga : Wong kang nabuh gamelan
  54. Pacalang : Prajurit kang nglutakake utawa nametake lakune musuh
  55. Palara-lara : Nyai cilik utawa enom
  56. Palayang : Wong kang ngeterke layang
  57. Pandhe : Wong kang gawe gaman lan dandani bekakas wesi
  58. Panegar : Wong kang ngajari jaran
  59. Pangobeng : Buruh ngobeng/mbathik
  60. Panjak : Wong kang ngladeni pande, niyaga
  61. Para : Bakul emas inten
  62. Parekan : Para Nyai kang dimanja ning keraton
  63. Pasindhen : Wong kang nembang
  64. Pawongan : Batur Wadon
  65. Pekatik : Wong kang nuntun jaran
  66. Prajurit : Wong kang bela negara
  67. Pramugari : Wong kang ngladeni ing montor mabur
  68. Pramuwisma : Wong kang ngrewangi pagawean bale omah
  69. Sarawedi : Wong kang dodol utawa nggosok inten
  70. Sayang : Wong kang gawe barang soko tembaga
  71. Sekater : Wong kang nawarake ning pagadhean
  72. Sinoman : Wong enom kang laden (biasane ning acara mantu lan khitanan)
  73. Srati : Wong kang ngurmati gajah
  74. Sudagar : Wong kang dodole gedhe
  75. Supir : Wong kang nglakokake montor
  76. Undhagi : Wong kang gawe bakakas kayu
Semoga bermanfaat!
Related Posts

Related Posts

Posting Komentar