aaWnxJmZI5JY8FKCUvVg7FjFvZvkz69jLNXN7cby

195+ Contoh Tembung Entar Bahasa Jawa Terlengkap

195+ Contoh Tembung Entar Bahasa Jawa Terlengkap

Tembung entar merupakan tembung yang bukan makna sebenarnya, atau dalam bahasa Indonesia disebut kata kiasan.

Tembung ini bisa digunakan untuk menyindir suatu hal.

Pada artikel kali ini akan dibahas mengenai contoh tembung entar.

Mari kita mulai...

Ciri-ciri Tembung Entar

Sama seperti tembung lain yang mempunyai ciri-ciri atau karakteristik tertentu, ciri-ciri tembung entar adalah sebagai berikut:
  1. Biasanya terdiri dari 2 kata
  2. Memiliki 1 objek
  3. Menggunakan kata sifat
  4. Aneh jika diartikan apa adanya
  5. Jarang digunakan pada bacaan anak-anak

Contoh Tembung Entar

Berikut adalah tuladha tembung entar:
  1. Abang kupinge → Nesu
  2. Abang raine → Nandhang isin
  3. Abang-abang lambe → Lamis (ora tenanan)
  4. Abot Sanggane → Rekoso
  5. Adol ayu → Pamer ayu
  6. Adol bagus → Pamer baguse
  7. Adol gawe → Ngatonake penggaweyan
  8. Adol Keringet → Nyambut gawe
  9. Adol Krungon → Golek kabar (warta)
  10. Adol Kwanen → Ngendelake kwanene
  11. Adol sendhe → Adol barang menyang gadhen
  12. Adol umbag → Akeh omongan (ning ora ono nyatane)
  13. Adus getih → Tatune nemen banget
  14. Adus keringet → Nyambut gawe, abot banger
  15. Adus luh → Nangise nemen
  16. Akeh sandhungane → Akeh alangane
  17. Ala jengene → Ora bisa dipercaya
  18. Ala kandhutane → Ala watake
  19. Ala tembunge → Kasar tembunge (omongane)
  20. Alus tembunge → Omongane kepenak dirungokake
  21. Amba jangkahe → Akeh usahane
  22. Ati kethul → Ora bisa ngrasaake
  23. Atine momot → Sabar banget
  24. Atine ana wulune → Atine ala (dengki)
  25. Ati dhondhong → Ala atine
  26. Asor yudane → Kalah
  27. Asor budine → Ala bebudine
  28. Apus krama → Diapusi cara alus
  29. Balang liring → Nglirik mripat
  30. Bau suku → Batur (abdi)
  31. Bau tengen → Wong kang dipercaya
  32. Bening atine → Sumeh
  33. Buang sangkal → Ngilangi apes
  34. Buang tilas → Nutupi tumindak kang ala
  35. Bukak wadi → Ngandhakake wawadine
  36. Cagak lek → Cemilan supaya betah melek
  37. Cagak urip → Kanggo nyukupi kebutuhan urip
  38. Cancut taliwanda → Tandang gawe
  39. Cangkem gatel → Senang ngrasani
  40. Cedhak umure → Gelis mati
  41. Cepak jodhone → Cepet entok jodho
  42. Cepak rejekine → Kepenak entok rejeki
  43. Cilik atine → Wedi (Kuatir)
  44. Cuper jangkahe → Ora bisa luru sarana
  45. Cupet atine → Gampang nesu
  46. Cupet budine → Ora bisa nggayuh kautaman
  47. Cupet nalare → Ora bis mikir werna-werna
  48. Cupet pangandele → Ora percaya
  49. Dadi gawe → Ngerepotke
  50. Dawa tangane → Seneng nyolong cupuk
  51. Dawa-dawa uja → Perkawis sing ora uwis-uiws
  52. Dheder Kautaman → Nandur keapikan
  53. Dhuwur atine → Gumedhe
  54. Dhuwur pangkate → Panguwasa
  55. Empuk rembuge → Guneme enak durungokke
  56. Entek atine → Kuatir banget
  57. Entheng Sanggane → Ora rekoso
  58. Entheng tangane → Seneng tandang gawe
  59. Gadho ati → Nggawe susah ati 
  60. Gantung kepuh → Sandhangne ajeg, ora tau gan
  61. Gantung untu → Selak pingin mangan
  62. Gedhe atine → Ora kuatir
  63. Gedhe endhase → Kemlungkung (sombong)
  64. Gedhe omongane → Umuk ora ono nyatane
  65. Gedhe tekade → Ora gampang nyerah
  66. Gedhekake puluk → Ora ana prihatine
  67. Gegem tangan → Kesed nyambut gawe
  68. Gilig rembuge → Rembugane pasti
  69. Gilig tekade → Ora bakal mundur tekade
  70. Gilud kawruh → Luru ilmu kanthi mempeng
  71. Golek selamet → Ati-ati supaya ora cilaka
  72. Golek urip → Nyambut gawe kanggo nyukupi kebutuhan
  73. Idu geni → Omongan tansah kelakon
  74. Ilang klilipe → Ilang musuhe
  75. Ilat mati → Ora bisa ngrasakake
  76. Jakalara → Rikala enome rekasa
  77. Jembar dhadhane → Sabar banget
  78. Jembar kawruhe → Akeh ilmune
  79. Jembar kubure → Melbu swarga
  80. Jembar polatane → Sumringah
  81. Jembar segarane → Sabar
  82. Jero Kawruhe → Pinter
  83. Kadalu warsa → Wis kliwat
  84. Kakehan tangan → Kakehan sing nyandhak
  85. Kaku atine → Tansah ora sulaya
  86. Kandel kulite → Sakti
  87. Kandel kupinge → Ora ngguku pitutur
  88. Kasar tembunge → Saru omongane
  89. Katon dhadhane → Wadi adu arep
  90. Kegugah atine → Sadar
  91. Kelepetan ala → Katut ala
  92. Kembang lambe → Tansah digunem kebecikane
  93. Kembang urip → Lakune wong urip werno-werno
  94. Kena tinenga-tenga → Kena disambati
  95. Kenceng karepe → Kekarepane kudu keturutan
  96. Kenceng tekade → Ora bakal mundur tekade
  97. Kulak warta → Golek kabar
  98. Kuwat drajat → Cocok dadi pemimpin
  99. Kuwat isin → Mblebes ora isin
  100. Kuwat mangan → Mangane akeh
  101. Lambe tipis → Akeh ngomonge
  102. Landhep dhengkul → Kethul banget
  103. Landhep pikirane → Pinter banger (gampang paham)
  104. Lara ati → Serik atine
  105. Lara ayu → Lara cacar
  106. Lara owah → Edan
  107. Larang pangan → Paceklik
  108. Lobok atine → Sabar
  109. Luhur budine → Becik
  110. Luhur drajate → Dadi wong panguwasa
  111. Lumah tangan → Ora gelem cawe-cawe
  112. Lunyu ilate → Guneme mencla-mencle
  113. Lurus lakune → Jujur
  114. Manis eseme → Esem ngerepake ati
  115. Manis rembuge → Guneme gawe senenge ati
  116. Mara tangan → Senang gawe lara
  117. Masa bodhoa → Pasrah
  118. Mata dhuwitan → Serakah marang dhuwit
  119. Mata loro → Mangro tingal
  120. Matemg kawruhe → Mumpuni
  121. Mateng rembuge → Guneme uwis disarujuki
  122. Mateni pangane → Gawe ilang panguripane
  123. Mati raga → Prihatin; tapa, tirakat
  124. Mati sandhang pangane → Ilang dalane golek panguripane
  125. Medhot dalan → Ora diteruske
  126. Meres keringet → Nyambut gawe mempeng
  127. Meres pikir → Tenanan anggone mikir
  128. Metane lupute → Nggolek salahe
  129. Mogel ilate → Mangan sing sarwa enak
  130. Mogol sinaune → Ora tutug sekolahe
  131. Murang tata → Kurang ajar
  132. Nandhang Sungkawa → Lagi susah
  133. Nandur kabecikan → Gawe kabecikan
  134. Ngabangke kuping → Nggawe nesu
  135. Ngadu wuleding kulit → Adu kekuwatan
  136. Ngangsu kawruh → Golek ilmu
  137. Ngatonake dhadhane → Sesumbar
  138. Ngatonake siyunge → Ngedohake kekuwatane
  139. Ngekep dhengkul → Nganggur (ora nyambut gawe)
  140. Ngemut driji → Ora entok apa-apa
  141. Ngendhaleni hawa napsu → Nyegah kekarepan ala
  142. Ngepuh keringet → Nyambut gawe mempeng
  143. Nyolok mata → Ketara banget
  144. Oleh ati → Ditresnani
  145. Oleh gawe → Kaleksanan
  146. Oleh lara → Kalaran
  147. Oleh wirang → Kisinan
  148. Ora duwe ati → Kuwatir banget
  149. Ora melek → Ora ngerti
  150. Ora ngunduh → Ora entok apa-apa
  151. Padhang dalane → Mlebu swarga
  152. Padhang hawa → Lahir ing donyo
  153. Padhang langite → Seneng
  154. Padhang pikire → Lega seneng  
  155. Padhang ulate → Sumeh 
  156. Pait getire urip → Warna-warna lelakone wong urip
  157. Pait lelakone → Uripe rekasa 
  158. Panas atine → Nesu banget 
  159. Pecah pamóre → Uwis ngancik diwasa 
  160. Pecah pikir → Wiwit bisa golèk srana 
  161. Pedhes rembuge → Guneme gawe serik 
  162. Perih atine → Susah banget 
  163. Peteng atine/pikire → Susah 
  164. Pingget atine → Serik 
  165. Pulih getihe → pak-puk; ora kalah ora menang 
  166. Puput yuswa → Seda (mati) 
  167. Rai gedheg → Ora duwe isin
  168. Rengga praja → Jaga negara
  169. Rengga salira → Dandan
  170. Runtuh atine → Tuwuh welase
  171. Rupak atine → Ora gampang ngapura
  172. Rupak jagade → Ora bisa mrana-mrana
  173. Sabuk gelang → Sawahe akeh banget
  174. Sepi kawruh → Bodho
  175. Sepi pamrih → Ora duwe pamrih
  176. Seret rejekine → Ora gampang golek rejeki
  177. Sesak dhadhane → Mangkel
  178. Sumpeg atine → Susah (sedih)
  179. Tadhah kalamangsa → Dipangan 
  180. Tadhah udan → Lirangan gedhang sing dhuwur dhewe 
  181. Tatu atine → Serik banget 
  182. Tanpa tilas → Entek blas
  183. Tipis lambene → Criwis 
  184. Thukul pikire → Nduwe akal 
  185. Thukul turune → Nduwe anak 
  186. Udan tangis → Akeh sing padha nangisi
  187. Ulat peteng → Katon nesu
  188. Ulat manis → Sumeh
  189. Utang lara → Tau gawe laran wong liya
  190. Utang nyawa → Tau gawe patine wong liya
  191. Utang pati → Tau gawe patine wong liya
  192. Utang wirang → Tau gawe wirange wong liya
  193. Walang ati → Sumelang (kuwatir)
  194. Wani mati → Nekad
  195. Wani silit wedi rai → Ora wani terang-terangan
  196. Weteng kadit → Ora tampikan
  197. Weteng karet → Panganane akeh
  198. Wedi getih → Ora wani
  199. Wedi kangelan → Kesed
Itu tadi 195 lebih contoh tembung entar yang dapat kamu jadikan referensi belajar.
Jika kamu punya contoh yang lain, jangan sungkan untuk berkomentar ya.

Semoga bermanfaat!
Related Posts

Related Posts

Posting Komentar